Kaca:Tijdschrift voor Indische Taal- Land- en Volkenkunde, LV.pdf/52

Ti Wikipabukon
Ieu kaca can diuji baca
43

5. para wali tan kangkat ing angandika
réhning daweg narengi
ing wulan puasa
Susunan Jati nabda
prayogi sabar rumihin
ngantosi bakda
riaya ika bénjing

6. Séh Lemahbang ja becik kandikanira
dingin mangko pan wani
bésuk wani peja
kapan baé kokuman
jata bubar para wali
pareng wus bada
riaya kumpul mali

7. ing Masjid Agung Cerbon sami micara
ing sasalahé wali
Tuan Séh Lemahbang
dénya angaku Allah
nenggé wajib sun ukumi
dumugi peja
rempaging para wali

8. wusing rempag sakarsaning Waliu’llah
santri Kudus kapardi
ika ingkang nama
Tanda jupu prawira
ingkang kinarsa ngaturi
ing Séh Lemahbang
sembahira apamit

9. dumugi ing ayunané Séh Lemahbang
nembah matur yén ninggih
kaula katita
angaturi sampéan
tuan Séh dipun-akéring
ing lampah kula
karsaning para wali