Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/164

Ti Wikipabukon
Ieu kaca can diuji baca

BABAD CERBON.

Transcript naar No. 36 van de Collectie Brandes.

____


1e Gezang, dichtmaat: dangdang goela.

Bismi'llahi'lrahmani'lrahim
Isun nyebut asmaning Allah
kang murah ing kaulané,
ing dalem dunya sinung
ing rizki anderma mili
tan ana kakurangan
mungguh ing yang Agung
kang asih tembing achirat
angganjari sakèhé wong kang ngabakti
aniksa wong doraka.

utawi sakatahing puji
sakabèhé mustahiq ing Allah
pangérané wong alam kabèh
rahmat lan salam katur
ingatasé Gusti Jeng Nabi
Muhammad sinihan
ning Allah dèn-utus
andawuhaken ing Qur'an
Kalamu'llah kang satuhu iku maring
ejin lawan[1] manusa.

anapon sasampuning amuji
maring Allah murah[2] ing Rasulu'llah
mangké[3] iki caritané

  1. Met dit woord begint de tekst in No. 107 van de Collectie Brandes.
  2. No. 107 beter: muah.
  3. No. 107 beter: maka.