Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/178

Ti Wikipabukon
Ieu kaca can diuji baca

42

ing wong kang sanget soemedya
birahi ing rasoel djati

karadjahan poenika rama
pan kawingking gampillah rama gampil[1]
tan lajan kedah dèn-maqçoed
pon woes dadi penirèngga[2]
doepi tiang papanggih kalajan rasoel
lah jèn boten tinemenan
sing poendi gèné pinanggih

pon poenika ingkang dadya
panengening lakoe kita ahoerip
rama karadjahan poenikoe
paçiwa[3] atas kaoela
boten kawi-kawi dèn djoeroeng dèn saradjoe
Allah oegi woes oeninga
ing anetep[4] sjoehoeding 'abdi

açal woes oelih karidhan
ing jang Soekma sakarsa anderma mili
sakadjeng-kadjengé tinoet
balikan tan[5] angsal.
karidhan Allah sanadyan dèn-djoengdjoeng
dèn-djoeroeng dèn-oenggahena
tan woeroeng melorod malih

mila rama sampoen kadya
sapoeniki lajan malihé adi
kaoela pon maksih toemoet[6]
Noeroe'llah bok menawa
rama adegena poenika sang ratoe
pon toenggil waris molana
anèng poeri Bani'sra'il

__________

  1. No. 107 zonder: lah rama gampil.
  2. No. 107: pirènggah.
  3. No. 107: pengiwa.
  4. No. 107: anatak.
  5. No. 107 beter: jèn tan.
  6. No. 107: toemoewoeh.