Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/235

Ti Wikipabukon
Ieu kaca can diuji baca

99

dupi kinarsa sahèstu
garwa amias putra
jaloe janglar ingkang nami
Pangéran Pasaréhan lan istri kang[1] nama

Ratu Ayu kang peparab
nuli saking garwa jati
mios putra roro lanang
ika ingkang dèn-arani
Pangéran Kelana adi
lan Pangéran Sédang Lahutan[2]
sapa tambuh ing warti
maring putra ingkang nami
Pasaréan ya iku winihing nata

kang anèng Cerebon negara
yata Molana[3] Jati
anggelaraken agama
Singa kang tan anut yakti
pinerangan dèn-titih
kadi ta(h) telaga iku
Raja Galuh Kuningan
Ci-amis miwah sagung ing-
kang wangkot Islam wus pada jinarahan

kacap ing abdi lan amat[4]
doepi kang tan pinerangi
Islam karepé periangga
iku Sumedang lan malih
Bandung Cianjur[5] dugi
Bogor Jaketra lan Ujung
Banten mila tan kocap
ing amat[6] kalawan abdi
lami-lami akèh munapèk kang tebah

  1. No. 107 zonder: kang.
  2. No. 107: Sédang Lahut.
  3. No. 107: ing.
  4. No. 107: kocapa ing andi lan umat.
  5. No. 107: Canjur.
  6. No. 107: umat.