Kaca:Soendaneesch Leesboek met inleiding en aanteekeningen.pdf/156

Ti Wikipabukon
Ieu kaca geus divalidasi
137

amasoeh rarahi............ Lan kapindho, amaseeh rarahi sapisan halé rata: oetawi watesing rarahi ikoe barang kang antaraning koeping kare, ing ambané, lan barang kang antarané tjoekoeling ramboeting sirah lan pangarepé djanggoeté, dawané........ Lan kaping teloe, amasoeh tangan karo sapisan halé rata: oetawi watesé kang wadjib amasoeh tangan karo ikoe, saking sakéhé poetjoeking djaridjiné teka maring sikoeené karo........ Lan kaping paté, angoesap sathithik saking koeliting sirah atawa ramboeté sirah ingdalem hading sirah: maka ora tjoekoep angoesap ramboet kang metoe saking hading sirah, lamoen tinarik. Lan kaping limané, amagoeh sikil karo: oetawi hading wadjibé amasoeh sikil ikoe, saking wawangloené karo teka maring sakéhé poetjoeking djatidjiné..........Lan kaping nemé, tartib, kaja andhinginaken nijat sarta amasoeh rarai ingatasé amasoeh tangan karo, maka kira-kira angoesap sirahé, maka kira-lira amasoeh sikil karo.


§ 3. Oetawi salat kang pinarlokaken, ikoe lilima ingdalem sadina sawengi. Sawidji, salat loehoer, lan ija ikoe patang raka’at; kapindho, salat asar, lan ija ikoe patang raka’at; kaping teloe, salat magrib, lan ija ikoe teloeng raka’at; kaping pat, salat isa, lan ija ikoe patang raka’at; kaping lima, salat soeboeh, lan ija ikoe rong raka’at. Oetawi wiwitané waktoe loehoer ikoe, sawoesé lingsir sarangéngé maring djihat magrib: maka tetengeré lingsir, ikoe anakalané kalawan anjar tekanéd wawajangan sawidji-widji maring djihat masrik sawoesé tengangé, lamon ana tengangéné ikoe, oranana wawajangan sawidji-widji, lan anakalané woewoeh wawajangan sawidji-widji maring djihat masrik sawoesé tengangé, lamon ana tengangéné ikoe, ana wawajangan sawidji-widji. Oetawi wekasaning waktoe loehoer ikoe, tetkala dadi wawajangan sawidji-widji ikoe ing saoepamané sarta winoewoehan wawajangan tetkala tengangé, lamon ana; maka lamon oranana wawajangan tetkala tengangé, maka wekasaning waktoe loehoer ikoe, tetkala ana wawajangan ikoe saadeg kang doewé wawajangan, ora kalawan winoewoehan malih. Oetawi wiwitané waktoe asar ikoe, sawoesé woewoeh sathithik wawajangan sawidji-widji saking akiré waktee loehoer. Oetawi akiré waktoe asar ikoe teka