Babad Tjerbon
BABAD TJERBON.
Transcript naar No. 36 van de Collectie Brandes.
____
1e Gezang, dichtmaat: dangdang goela.
1Bismi'llahi'lrahmani'lrahim
Isoen neboet asmaning Allah
kang moerah ing kaoelané,
ing dalem doenja sinoeng
ing rizki anderma mili
tan ana kakoerangan
moenggoeh ing jang Agoeng
kang asih tembing achirat
anggandjari sakèhé wong kang ngabakti
aniksa wong doraka.
oetawi sakatahing poedji
sakabèhé moestahiq ing Allah
pangérané wong alam kabèh
rahmat lan salam katoer
ingatasé goesti djeng nabi
Moehammad sinihan
ning Allah dèn-oetoes
andawoehaken ing qoer'an
Kalamoe'llah kang satoehoe iku maring
edjin lawan[1] manoesa.
anapon sasampoening amoeji
maring Allah moerah[2] ing rasoeloe'llah
mangké[3] iki tjaritané
- ↑ Met dit woord begint de tekst in No. 107 van de Collectie Brandes.
- ↑ No. 107 beter: muah.
- ↑ No. 107 beter: maka.
ingkang iboe sinoehoen
něnggi sira awiwini
saking sang ratoe Padjadjaran
kang ikoe satoehoe
agagarwa istri acal
saking sabrang nama Singapoera negari
2mios poetra titiga.
kang satoenggil djaloe akakasih
kang anama radja Tjakra boeana
mengkana malih rajiné
radja Sengara tinoet
arinira[1] malih pawèstri
nama nji dalem Satang
ja ikoe kang iboe
Soenan Goenoeng djati poerba
dalem Satang[2] kang binakta késah hadji
déning Tjakra boeana.
maring Arab noeli ika mambarih
angoendjoengi kang Béta'lmoeqdas
astanané nabi kabèh
njata ing kana waktoe
ratoe ing[3] Bani'sra'il
mentas kapatèn garwa
ing manabé riboet[4]
èsmoené maksih kasmaran
maring satoehoe garwa kang woes ngemasi
temah dawoeh kandika.
maring pangoeloené kang nama[5]
qadï Djamal'oe'ldin miwah tanda
sabanda[6] koelawargané
sapa-sapa kang anemoe
késah[7] rabiningsoen kang mati
- ↑ No. 107 foutief: aranira.
- ↑ No. 107 weggelaten; regel 7, 8 en 9 half.
- ↑ No. 107 om de maat: ana ing.
- ↑ No. 107: wiboeh.
- ↑ No. 107 heeft de juiste eindklinker: nami.
- ↑ No. 107 foutief: sabendoe.
- ↑ No. 107 terecht: kaja.
sanadyan tan saroepa
anaha ing semoe
atawa anèng rarasan
ingkang ana èmperé sajakti soen apti
rabinisoen kang wafat
mengkana atoeré sang qadï
ja molana soesoehoenan amba
waktoe iki tjaritané
sajaktosé wonten pawestri ajoe
nenggé asal moelané saking
negari Pedjadjaran
kalajan sadoeloer
-ipoen djaler ing saba'danira.
mentas hadji karoeroe lampahé meriki
zarah ing Béta'lmoeqdas
gati2 soeltban Bani'sra'il
angandika lah ia menawa
sakaro konen meréné
kampir ing peradjanipoen
çéghat isoen arep paparing
çidqah dana-dina
adja ngingis lakoe
ing sadyaningsoen semana
bok menawa mengko ora netoeki
maring sakarsaningwang.
adja kongsi ika lakoe isin
datan betjik wong memirang manoesa
sang qadï kebat kondoeré
sing arsa sang ratoe
masdjidi'laqça dèn-poeroeki
kapanggih anèng kana
hadji soenda waoe
kalih sadoeloer wanodya
kang woes olih hadji kang lewih betjik
atas dadalan Allah
______
2e. Gezang; dichtmaat: sinom. (No. 107, p. 4)
anabda sang qadī Djamal
hé wong hadji kalih wargi
marmanira lewih bagdja
wong soenda dateng meriki
tjiptané ia ìki
pepoendèning para ratoe
kang aran Béta'lmoeqdas
singa2 ingkang olih
idzin saking kéné angadeg naléndera.
adja sira tan oeninga
nabi Ibrahim doek ing dingin
andoedoenga maring Allah
ja ing enggon kéné iki
pandoengané nabi[1] Ibrahim
moedjèkaken anak poetoe
kongsia dinoeloeran
dadi radja dadi nabi
maka sinembadan anèng iki pernah.
wangsiting Allah ta'ālā
hé Ibrahim soen-doeloeri
ing sapanoehoenira
anakira Ishaq jakti
ingkang dadi wiwini-[2]
hing sakèhé para ratoe
lan sakèhé kanabijan
adja sìra salah kapti
tan ngengani[3] djandji ming[4] kang thālim karta.
pasti karo haji sira
samangko dèn-andikani
déning molana Mashuda[5]
karsa dalem andadari
dana-dina ing haji
wajib karo konen anut
kang liningan aturan
langkung sumangga ing titah
berkah tuanku qadi ingkang kapinta
siang dalu dalah kontap[6]
ing hadharat maha amir
ing Bani'sra'il negara
jejel ingkang sami nangkil[7]
tan open kulawargi
ing sagelar-gelaripun
ingkang para 'ulama
fuqaha' kang sami hadhir
ing çidaqah sang Haji Molana Sultan.
sampuning bada çidqah
gati sultan mariksani
kang Haji Roro ngandika
dupi winaswasing lirik[8]
sahèstu sumerep ing
galih sang adi sang ratu
énggal Sang Nata nabda
hé anak Sunda sahiki
sadulurira wadon sun-pundé suka
arsa sun kantaha garwa
supaya dadi geganti
rabiningsun kang wus wafat
sang haji matur wotsari
wios punika gusti
menggah ing kersa pukulun
katur ingkang mugia
tinaros piambek ugi
pon sampun[9] baligh jinis wargi kaula
pinareng purun kalintang
syukur alhamdu lillahi
pun abdi sedaya[10] jariah
punika sadèrèk istri
muganané kacangking
ing tembé achératipun
adan zang maha sultan
ngandika ing mengko iki
sun-tari déwèk karana idzin sira
hé wadon weruhanira
aja gedé cilik ati
sun pinta ing sukanira
sume(n)dya arsa gawé rabi
sapira imaniréki
sang rara wotsari matur
kaula titiang ina
Bangsa Sunda langkung sangking
sumangga pisan[11] garwa dateng bendara
déning tuwi lun kaula
tan uning 'adat ngeriki
Sang Maha Raja ngandika
sun puhung rara sahiki
aja akèh kang dèn-pikir
sok uga ridha satuhu
sing ati tekèng lisan
aja munafèk kakelid
bok[12] chianat dudu adabing wong Islam
3e Gezang; dichtmaat: kinanti. (No. 107, p. 8)
sang rarajoe Satang matoer
soehoen sembah awotsari
kapoendi berkah molana
piwoelang[13] kasoehoen oegi
ing sapoehoen[14] kaoela
moegi toean andoeloeri
kaoela poen sadya[15] anoet
ing karsa molana amir
sang maha radja[16] ngandika
endi reko sira poendi
ing sadjadjaloekanira
ingsoen nedya nembadani
sang rara atoeranipoen
kongsia amba poeniki
adarbéa poetra lanang
kang dados wali sedjati
kang angratoe noesa djawa
ming agama kangdjeng nabi
kang langkoeng perdjoeritipoen
karanten ing noesa djawi
maksi agoeng dèrèng islam
sang nata kèndel tan angling
èsmoené donga ing Allah
ing kacidiqané istri
adan sawara karoengoe
ametik ing karna hadji
hé Hoeda adja koemlamar
ja ikoe wisik sadjati
wadon ikoe sanggoepana
kalawan idzin jang Widi
- ↑ No. 107 om de maat zonder: nabi.
- ↑ No. 107 minder juist: wiwitaning.
- ↑ No. 107: nganani.
- ↑ No. 107 zonder: ming.
- ↑ No. 107: Mahudah.
- ↑ No. 107: kontan.
- ↑ No. 107: nungkuli.
- ↑ No. 107: liring.
- ↑ No. 107 zonder: sampun.
- ↑ No. 107 ten rechte: sedya.
- ↑ No. 107 ten rechte: pininta.
- ↑ No. 107: bobad.
- ↑ No. 107 ten onrechte: poelang.
- ↑ No. 107 ten rechte: sapanoehoen.
- ↑ No. 107 ten onrechte: ing koela poen sadaja.
- ↑ No. 107: soeltan.
jata begar[1] nata praboe
angandika kang sajakti
kalawan idzining Allah
mengko ia soen-sanggoepi
tangtoening kang perdjangdjian
sinahoeran ika déning.
ketoeg kang sami angoewoeh
lor-kidoel aganti moeni
rara Satang anèng kana
pinindah wasta anami
sjarifah Moeda'im malah
Tjakra boeana kahoeni.
ingkang sami ijé aneboet
ing paparab doek ing Meçir
hadji Ngabdoellab Dzoe'limān
toemoeli mintar sang hadji
ing[2] Mekah sarta bala
anitih gotaka roekmi.
pedati kang mawih pajoen
amot sarananing oerip
arawoeh ing boemi Mekah
para imām dèn-atoeri
akempal ing pamondokan
ika kang wadja(h) Sjafi'ī.
Hanafī sarowangipoen
Malikī miwah Hambalī
hadji Ngabdoellah pinangka
walinira sang Moeda'im
Imam Sjafi'ī angidjab
aken paningkah sang dèwi.
maring molana Hoed ratoe
woes sinaksèn sagoenging
pandita ing koeta Mekah
çahīh ingkang aperdjandji
lami soeltan anèng kana
ing Mekali kalajan binih.
aneroeh 'ibadatipoen
kalih kang garwa noengkoeli
doek[1] rabi'oe'lawal
ika késah angoendjoengi
kang astana rasoeloe'llah
ing Madinah lami malih.
anèng pamondokanipoen
doek sasi(h) radjab nenggih
sang[2] Moeda'im woes garbana
njidam kalih sasi lagi
tekèng çiām ing Madinah
ing ba'da riaja ketjil.
maring Mekah malih ajoen
anoengkoeli 'oemrah hadji
saba'daning hadji 'oemrah
tekèng çafar ika maksih
anèng pamondokan Mekah
babar djaloe nenggih siwi[3]
woes dèn-peparab agoeng
Hidajat sjarīf poeniki[4]
woes ing patang poeloeh dina
mantoekira marang Meçir
waktoe tatkalaning babar
hèdjrah rasoeloe'llah lagi
pitoeng atoes sangang poeloeh
lilima poendjoeling warsi
doerjataning kanabijan
kang èstoe Moehammadihi
- ↑ No. 107 beter: doegi(h) ming
- ↑ No. 107: siang!
- ↑ No. 107 slerdig zender: siwi.
- ↑ No. 107: Moehammad Hidajat Sjarīf.
pinangka chalipah kang haqq
anggelaraken agami
__________
4e Gezang; dichtmaat: asmarandana. (No. 107, p. 13.)
sigegen kang anèng Maçir
kotjapa hadji Dzoe'liman
apamit marang kang ipé
sarta noehoen idzin nata
angeslamena djawa
ing saqadar2 ipoen
miwah sanak Padjadjaran
sang maha soeltan mangsoeli
ia talah toedoehena
sanak Padjadjaran kabèh
karana ikoe 'āqilah
sanak wadjib sinoengan
toedoeh kaweroeh kang loehoer
perkara 'azza wa djalla
sarta lakoe kita iki
'ibadat kang bangsa éslam
jata sang hadji intaré
mantoek maring bawah soenda
anggelar lakoe islam
lir saparo saperteloe
kang anoet agama moelja
doepi sang praboe Diwangi
tan kersa jèn doemoeloera
maksiri sanget ing koekoehè
maring agamané koena[1]
agamané kaboedahan
kalampah hadji tinoendoeng
tan soeka ing Padjadjaran
marmané hadji anisih
ngétan ming pinggir segara
tjaketan ki Koewoeh Tjerbon
- ↑ No. 107 zonder: agamané koena
genahé wong pemaringan
amèt rebon sakalah[1]
ikoe padjegé tartantoe
tarasi ming Padjadjaran
jata ing lamining lami
hadji Abdoellah Dzoe'liman
amèt kagarwa anaké
Koewoeh ing kang nama
Riris kalangkoeng pélaq
tjareming kerama[2] atjoetgoed
patoetan djaloe winastan
pangèran Tjerebon toemoeli
medal arinipoen indah
ajoe èstri winawangé[3]
nji mas Pakoengwati ingkang
dadalem ika ana
ing padésan dalem agoeng
atamping Padjalagerahan
pangèran Tjerebon linggih
ma ing Tjarabon girang
doepi ki Koewoeh Tjarbon
ingkang amad- jasa ana
ing Lemah Woengkoek genah
pamèmèhan rebonipoen
ki Koewoeh sari mangana[4]
sawétanè datoek gharib
doepi sang hadji Dzoe'liman
koelina anjanggera enggon
ing goenoeng[5] kinarja
kadi kantah[6] petapan
kang winastan enggon sang Noer
manik tjipta giri sirengga[7]
- ↑ No. 107 beter: segara.
- ↑ No. 107: tjeraming kang rama.
- ↑ No. 107: winawangen.
- ↑ No. 107: manapa.
- ↑ No. 107: goenoeng Semboeng kang.
- ↑ No. 107: konta.
- ↑ No. 107: sarengga.
jata ing lamining lami
kantinira goenem Islam
ikoe roro gagawané
saking 'Arab ing kang nama
lanang molana Hoeda
lan lanang ingkang woelangoen[1]
sang lanang molana Dja'far[2]
sigegen kang anèng Djawi
kotjapa ika kang ana
ing Bani'sra'il sang katong
mantoek ing karamatoe'llah
sideming kang negara
kang dadi wakil sang ratoe
rajiné ingkang soemalah
radja 'Oenqah kang pernami
rèh Sjarif Hidajatoe'llah
dèrèng doemoegi ing balègh
mengkana kang arinira
ingkang nama Noeroe'llah
pon sakalih maksih timoer
sangkané dèn-polmakena
lami-lamining ahoerip
doemoegi ing balèghira
Sjarif Hidajat Sjoehoedé
kang paman moeah kang bala
ajoen ingangkat radja
soepaja sjarief aloemoe(h)
melebet ing gedong samar
amanggih sanoenggal peti
emas dèn sigra binoeka
kapanggih ana ing kono
kitab atoelis kentjana
anenggih oeçoel qalam (!)
kang tjinarita ing rikoe
haqéqat Moehammadiah
5e Gezang; dichtmaat: pangandang koetoek (pangkoer).
(No. 107, p. 17.)
haqéqat Moehammadiah
nenggih ika jèn nabi sinoeng galing
linigah[1] déning jang Agoeng
temah sjarif ing kana
berangta kajoengjoen dadi sedya tinemoe
sing endi dadalaning kongang
ika sedya dèn-oelati
doemadi medek ing kana
kang[2] iboe noehoen idzin pamit
ajoen angoelati rasoel
kang iboe kipja-kipja
baja kaki sira apa doeroeng weroeh
rasoeloe'llah woes soemalah
sing endi enggoné pinanggih
baritalah ikoe sira
woes dèn-goenem dèng[3] pamanira wakil
jèn sira arep dèn-djoengdjoeng
anggenti ramanira
anèng Bani'sra'il linggiha sang ratoe
adja katemahan sira
laslos[4] paran kang pinamberih
ing kang poetra atoerira
rasoeloe'llah tan kaoela tjipta mati
tatapi Allah kang agoeng
kewasa akarjaha
ingkang angel doemadi ing gampilipoen
miwah kang gampil doemadya
ing angèlé pon katitih
iboe kalajan kaoela
sekalipoen pon samja[5] katitih
- ↑ No. 107: linigra.
- ↑ No. 107: ming kang.
- ↑ No. 107: déning.
- ↑ No. 107: lésa èlos.
- ↑ No. 107: om de maat: persamja.
Sjarifah Moeda'im moewoes
ja talah pikir ingwang
ing waktoe sahiki ora nana lakoe
wong woes mati ingoelatan
toemoeli déning pinanggih
kadjaba ing zaman koena
pangroengoeningsoen lagi sjari'at dingin
Nabi 'Isa Nabi Dawoed
ikoe ia lok ana
wong mati oerip maning lan maning[1] ikoe
wong mati kena dèn-djoegdjag
dèn-sandjani ing wong oerip
kelakon pada potjapan
doepi samangko sjari'at rasoel mangkin
ing sapangroengoeningsoen
woes tan ana mengkana
lengkara temen kang sira sedya ikoe
sadangoenira[2] mengkana
radja 'Oenqah sinoeng oening
sedajané[3] kang ponakan
kadi mengkana radja 'Oenqah ngampoehi
inggih[4] sapoeniki sampoen
pon paman asedija
ingkang badé ngasrèni poetra ngadeg[5] ratoe
endi talah manggih ésak
noeli késah tamboeng kardi
Sjarif Hidajat anabda
langkoeng kasoehoen sihé rama kang kadi
robing kang segara madoe
goentoering ardi menjan
ananging[6] sinten kang tiasaha njendoeh
- ↑ No. 107 zonder: lan maning.
- ↑ No. 107: sedenganira.
- ↑ No. 107 beter: ing sedyané.
- ↑ No. 107: mapan.
- ↑ No. 107: madeg.
- ↑ No. 107: anaming.
ing wong kang sanget soemedya
birahi ing rasoel djati
karadjahan poenika rama
pan kawingking gampillah rama gampil[1]
tan lajan kedah dèn-maqçoed
pon woes dadi penirèngga[2]
doepi tiang papanggih kalajan rasoel
lah jèn boten tinemenan
sing poendi gèné pinanggih
pon poenika ingkang dadya
panengening lakoe kita ahoerip
rama karadjahan poenikoe
paçiwa[3] atas kaoela
boten kawi-kawi dèn djoeroeng dèn saradjoe
Allah oegi woes oeninga
ing anetep[4] sjoehoeding 'abdi
açal woes oelih karidhan
ing jang Soekma sakarsa anderma mili
sakadjeng-kadjengé tinoet
balikan tan[5] angsal.
karidhan Allah sanadyan dèn-djoengdjoeng
dèn-djoeroeng dèn-oenggahena
tan woeroeng melorod malih
mila rama sampoen kadya
sapoeniki lajan malihé adi
kaoela pon maksih toemoet[6]
Noeroe'llah bok menawa
rama adegena poenika sang ratoe
pon toenggil waris molana
anèng poeri Bani'sra'il
__________
- ↑ No. 107 zonder: lah rama gampil.
- ↑ No. 107: pirènggah.
- ↑ No. 107: pengiwa.
- ↑ No. 107: anatak.
- ↑ No. 107 beter: jèn tan.
- ↑ No. 107: toemoewoeh.
6e Gezang; dichtmaat: midjil[1] (No. 107, p. 21).
jata ing tengah daloe ingkang winantji
pamekasing[2] kahot
tindak ririh angarus padané
ingkang iboe sembari pamit
oeloek salam sarwi
sang 'Oenqah dinoeloe
Sjarifah Moeda'im tan[3] angling
sapa nigan ngapon
tan antara dawoeh kentakané[4]
kasirep sang dèwi ing wengi
raméning kang nangis
djero poera goemoeroeh
sadangoené kapidara dèwi
katingal doek pamor-
ing kentaka seri Bani'sra'il[5]
kang woes wafat kadi paparing
sabdaning sang dewi
Hé Moeda'im ikoe
adja sira temen-temen roedit
ing anak semono
kang lagi kapitemen palaré
apa sira boja ahéling
sira doewé djandji
dingin lawan isoen
doek tetkala arep dadi sidji
jen datan semono
dadalané kaja mangsa déné
temahan djandji kang dingin
sangkané sahiki
tarimanen qalboe.
- ↑ In No. 107 is de scheiding der zangen en de maataanduiding weggelaten.
- ↑ No. 107: pamaksaning.
- ↑ No. 107 om de maat: datan.
- ↑ No. 107 andere (minder goede) indeeling der regels.
- ↑ No. 107 als voren.
sok[1] ridhaha maring jang Widi
anaq kang semono
moeng woewoehana pandonga baé
darapon gelis qaboel olih
sadjadjatining siwi
karanané ikoe
pandonga ikoe patang perkawis
kang qaboel ing Manon
kang dingin ikoe djé pandongané
wong toea kang maring siwi
kapindo doenganéki[2]
wong kang dadi ratoe
kaping teloe pandongané nabi
kaping pat mengkono
maning kaja ikoe pandongané
wong kang dèn-kanihaja toenggil
doek semana sang dèwi
. . . . . . poepoengoen[3]
anglilir tédja nalagi sigra padang awening
èsmoené woes djatos
ing sawangsité kang raka tembé
dadi donga maring jang Widi
mintah salameting
poetra kang tawadjoeh
tan antara kasoesoelan oeni[4]
ing ketoek samjandjor[5]
sangking lor kidoel ganti moeniné
radja 'Oenqah kalangkoeng saking
gegetoen ing galih
ing késahé soenoe
- ↑ No. 107 beter: soeka.
- ↑ No. 107 beter: doenganing.
- ↑ In No. 36 geen Lücke, toch ontbreken drie lettergrepen in de laatste regel. Wellieht behoort anglilir tot de vorige pada. No. 107 heeft echter:
doek semana aglis.
sang dèwi poepoengoen.
anglilir tidja padang abening
. . . . enz. - ↑ No. 107: oening.
- ↑ No. 107: andjor, zonder ing.
jata oetjapen kang asroe berangti
ming rasoel doek mangko
moerang-moerang peringgo djalané
kang linampan pernah kang soengil
mandjing ing wanadri
anerang baja goeng
wantji 'açar rèrèn asemadi
sasoring kakajon
ba'da çalat loemoenta lampahé
doemoengkap tigang dina manggih
séla oemahaning
naga sigra metoe
akatah djalma tanjalah iki
sawidji wong anom
teka kendel ing lakoené déwék
ora amawi réwang kadoegi
ming panggonan kami
paran sira djoedjoeg
amangsoeli kang dinoeka ing liring
ia ingsoen wong
kahoem kasasar ingsoen meréné
kang soen-djoedjoeg ngoelati nabi
sang naga mangsoeli
rasoel pon woes lampoes
woes lawas wafaté lan tatapi
Allah kang sadjatos
kewasa gawé gampang kang angèl
bok menawi bésoek pakolih
fadhaling jang Widi
wong anom tinemoe
poetra istri ika kerama
ming soenan 'Oeḍoeng[1] dadya
mios poetra soenan Koedoes
ing kana ratoe panḍita(h)
15e Gezang; dichtmaat: pangkoer (pangandang soewoeng).
(No. 107, p. 62.)
kaping sakawan satengah
para wali ing noesa djawa nami
soenan Kali djaga oeloe
teḍak saking sjech Aswa'
sagharnané[2] kang pantjer sang Djoemadilmakboer
ika noeli poepoetra
arja Çadiq ingkang nami
djoedjoeloek Arja ing Toeban
apoepoetra ika ingkang pernami
raden arja toemenggoeng
Wilatikta(h) mengkana
Wilatikta poepoetra raden Sahidoen
ikoe soenan Kali djaga
kang tetkala timoer alewih
ngaloentang alakoe ala
ambelasar ngoetoes sawadi-wadi
dèn-hoekoem wastan[3] karoeroe
tan kena sinajoetan
bégal dalan anoedjoe ingkang tinemoe
soenan Bonang kang dèn-bégal
kongsi kadèpok wonten[4] ing siti
karoena[5] soesoenan Bonang
raden Sabit bermatya nabda andik
dupi kinarsa sahèstu
garwa amias putra
jaloe janglar ingkang nami
Pangéran Pasaréhan lan istri kang[6] nama
Ratu Ayu kang peparab
nuli saking garwa jati
mios putra roro lanang
ika ingkang dèn-arani
Pangéran Kelana adi
lan Pangéran Sédang Lahutan[7]
sapa tambuh ing warti
maring putra ingkang nami
Pasaréan ya iku winihing nata
kang anèng Cerebon negara
yata Molana[8] Jati
anggelaraken agama
Singa kang tan anut yakti
pinerangan dèn-titih
kadi ta(h) telaga iku
Raja Galuh Kuningan
Ci-amis miwah sagung ing-
kang wangkot Islam wus pada jinarahan
kacap ing abdi lan amat[9]
doepi kang tan pinerangi
Islam karepé periangga
iku Sumedang lan malih
Bandung Cianjur[10] dugi
Bogor Jaketra lan Ujung
Banten mila tan kocap
ing amat[11] kalawan abdi
lami-lami akèh munapèk kang tebah
permila nuli dèn-pencar
raja Lahut anitihi
yang Jaketra miwah putra
Jasba[12]-kingkin anitihi
ing Banten panagri
haji Dzu'liman alungguh
ana ing Pajajaran
Raja Sengara anitih
ing Tegal luar anggelaraken Islam
laminé ingkang semana
Ratu Kasundan sampun muslim
tan nana malang ing karsa
tan antara ing alami[13]
Sunan Ampél angemasi
para wali sami kumpul
ing Ampél ika pada
amulasara wus padni
tumuli para wali bubar ing indra
Giri gaja(h) ika pada
angasri Susunan Giri
jumeneng ratu pandita
anata agama muslim
pangawat wétan sami
tekèng Madura anungkul
ming Sunan Giri liman
jata ing kana persami
musawarah kang para wali sasanga
ana hing pernab kang nama
Giri kedaton anenggih
persami[14] jangji-jangjian
sampun mawih[15] kelad-kelid
ajana[16] ngilung ilmi
miaka samir kekendoeng
adjana tinèdèngan
wong sasanga dadi sidji
12
roeroehing pangoeni-oeni
'aliman moetakaliman
adjana nawala kapti
jata ika persami
anggelar oemeting qalboe(h)
perkara dzating Allah
kang wadjib tékad pa'abdi
ning kaoela kang toetoeg teka ing awas
1
sinoehoen Bonang amoewoes
oetawi iman lan tohid
ikoe woes ora kawilang
djatining Allah poenika sih
kang neboet sineboet Allah
2
pangawasaning kang abdi
kang anama sawaktja
oeripé tan oman malih
sjech Madjagoeng ngandika
kang aran Allah sajakti
1)
In beide teksten constant
2)
No. 107:
sisilih deriah.
3)
No. 107
g-anti.
4)
No.
107
öemating-.
!j)
Dr.
Brandes had
dit
sajakti
geschreven.
Jliuj'
gezang
tot
vers
doch overigens zonder verschil met Dr. B. 6)
No. 107: ikoe.
7)
No. 107
8)
No. 107
lascht in
oeman.
woes.
13. r.
3
overgenomen.
Ik volg
de normale schrijfwijze [ 102 ]Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/238 [ 103 ]Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/239 [ 104 ]Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/240 [ 105 ]Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/241 [ 106 ]ka'batullah wus katinggal[17]
saking karanggan Demak
yata sami maswas sampun
sapalih duginé kirang
kirang ngidul wené[18] malih
kirang ngalor adan ika
Sunan Kali kandikané
lah yèn inggih mekatena[19]
tan amanggih wekasan
punika kalayan wahu
maksih perdongdi panduka
énggal jumeneng Sunan Kali
astané sampun merga-merga[20]
majeng ngidul ika nyawèl
asta tengen maring Ka'bah
asta kiwa anggarap
masjid Demak wus dèn-getuk-
-aken kalawan Bé'tu'llah
wus gétuk ika tumuli
Sunan Kali sabdanira
sumangga sami anonton
waspadakena ing tingal
lah mangké jèn wus rempag
gampil nguculaken sunggu[21]
kang wonten asta kaula
yata para wali sami
nabda inggih sampun rempag
dan inguculaken agé
ka'batu'llah sampun sirna
mangké[22] para olia
anggunem Susunan Kudus
sumilih[23] ramanira
dadi sénapati maning
anglurug ming Mahos-tikta
kang sarta winuwuhané
Sunan Jati pinerih rowang
pangawat kulon bala
miwah Sunan Giri tumut
pangawat wètan kang bala
lajan binaktanan peti
pusaka Patu Palèmbang
wus peryoga ing[24] lampahé
Wong Majapahit wus mapta
gagamanira mapag
cucuk sénapati Terung
lan putra ing Majalengka
punika[25] rowangé malih
putra kang anèng Panaraga[26]
wus sisih ing[27] anané
putra Panaraga ingkang
kulon pangawat bala
dupi putra Maja-langu
pangawat wétan kang bala
yata ika wus lumaris
kang sumedya ing perang
ayun-ayunan sadyané[28]
bala Buda mahabara
sakti sarta istidraj
bala Islam sakti punjul
linewih sarta karamat
paragating bèntèng duk kinardi
babad kali mangko
sèwu nem-atus telulas mangki
dupi buraking kuta nenggi(h)
wahuné duk olih
babad sèwu tahun
nem-atus papat dupi pèling
wawangunan Cerebon
Sunya ragi ika duk paragaté
babad zaman kali duk olih
sèwu lawan malih
nem-atus lan punjul
sawidak nenem lah iki
pèling wigyaning Cerebon
carunaning ungkara sakèhé
zaman kali iku piduni
hing zaman kang bacici
iku zaman suku
ning bumi roro ingkang kari
zaman kali iku.
والله اعلم بالصواب
__________
Asmaradana pupuhna.
sim kuring hatur pépéling
ka sakur nu mararaca
ulah tonggoy lagu baé
sarĕng ulah cĕcĕlukan
karana iyeu wawacan
carita nu leuwih alus
nyaritakeun Waliu'llah
karana Gusti Yang Widi
hantu pisan ngaridha'an
kanu sok borak-borak teh
balikan iyeu wawacan
hasilna kabina-bina
mangsana wali bĕrhimpun
sadayana mupakatan
__________
- ↑ No. 107: Oendoeng.
- ↑ No. 107: alsaqarnèn.
- ↑ No. 107 ten rechte: woes tan.
- ↑ No. 107 zonder: wonten.
- ↑ No. 107; karana.
- ↑ No. 107 zonder: kang.
- ↑ No. 107: Sédang Lahut.
- ↑ No. 107: ing.
- ↑ No. 107: kocapa ing andi lan umat.
- ↑ No. 107: Canjur.
- ↑ No. 107: umat.
- ↑ No. 107 te recht: Seba.
- ↑ No. 107: lami-lami.
- ↑ No. 107: para sami.
- ↑ No. 107: mawa.
- ↑ No. 107: adja ta.
- ↑ No. 107: katinggalan.
- ↑ No. 107: wanéh.
- ↑ No. 107: mekatan.
- ↑ No. 107: margagah zonder: sampun.
- ↑ No. 107: ngujulaken sungku.
- ↑ No. 107: maka.
- ↑ No. 107: suwéléh, lascht in: ing
- ↑ No. 107: sa.
- ↑ No. 107: pinangka.
- ↑ No. 107: Perna raga.
- ↑ No. 107: sisi-sisi zonder ing.
- ↑ No. 107: sadayané.